Skip to content

Gria Gowes Homestay

Homestay di Yogyakarta

  • Home
  • Blog
    • Homestay
    • Leluhur
      • Wonodikromo
      • Setromenggolo
    • Rute Gowes
    • Soft skill
  • Home Addicts
  • Youtube
  • Contact Us
  • About Us
  • Buy Adspace
  • Hide Ads for Premium Members
  • Toggle search form

Ngenteni oleh-oleh

Posted on August 26, 2017August 26, 2017 By No Comments on Ngenteni oleh-oleh

Views: 48

Kira-kira patang puluh tahun kepungkur, nalika aku isih cilik, lan ibu isih mucal, meh mben awan sakbaline soko sekolah, aku kerep ndheprok ning ngarep omah. Kala-kala yen wis ra sabar, aku banjur lungguh ning ngebuk ngarep omah karo clingak-clinguk.

Aku ndheprok opo lungguh ning ngebuk ngarep omah amarga aku ngenteni ibu rawuh. Bapak lan ibuku kabeh guru. Bapak guru ning SMA Negeri 3 lan ibu guru ning STM negeri 1  Solo. Bapak yen kondur biasane awan antarane jam siji jam loro, lha nek ibu luwih gasik, sak antarane jam sewelas jam rolasan.

Clingak clinguk ngenteni ibu rawuh gecoba aku seneng yen ibu rawuh, aku ugo ngangen-ngangeni panganan sing biasane diasta ibu. Aku wis lali opo wujude panganane, ning aku isit tetep kelingan yen aku ngangeni panganan sing diasta ibu kondur soko ngasta.

Kuwi mau critane patang puluh tahun kepungkur. Lha sakiki aku arep crita kahanan minggu iki nalika seminggu aku leyeh-leyeh ning omah amarga ono keperluan. Mben dina, awan utowa mbengi tergantung jadwale Mita, aku ndheprok ning arep omah nunggu Mita bali soko gaweane.

Lha gecoba aku seneng nalika Mita slamet tekan omah, aku ugo ngangen-ngangeni panganan sing biasane digawa Mita. Panganan jatahe maem awan utowa maem mbengi soko rumah sakit, embuh kenopa sering digawa Mita bali.

Yen tak pikir-pikir yo lucu, koq senengane aku ngenteni oleh-oleh, padahal aku dewe ora tahu nggowa oleh-oleh.

Blog, Soft skill Tags:oleh-oleh

Post navigation

Previous Post: Gowes Merdeka 2017
Next Post: Siji Suro Nang Suroloyo

Leave a Reply Cancel reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *

This site uses Akismet to reduce spam. Learn how your comment data is processed.




Gria Gowes Map

Blog Traffic

Pages

Pages|Hits |Unique

  • Last 24 hours: 0
  • Last 7 days: 0
  • Last 30 days: 0
  • Online now: 0
garcinia cambogia effets secondaires

Recent Posts

  • Membayar Tagihan BPJS
  • Memindahkan Makam Bapak dan Ibu
  • Ziarah Yubileum Lingkungan St Cecilia Nandan
  • Gowes Mataram di Yogyakarta

Copyright © 2025 Gria Gowes Homestay.

Powered by PressBook WordPress theme